Sabtu, 19 April 2014

BADER


Cerkak Bahasa Jawa


Cerkak 1 :

JOKO BODHO MENYANG NGAYOGYAKARTA

“Joko…..Joko, wis rampung aduse durung!”
“Durung Pakdhe, lha…cepet-cepet ana apa tha Pakdhe?”. Saking Pakdhe Darsono wis wanyel karo Joko Bodho, Pakdhe Darsono ora jawab pitakone Joko Bodho. Joko Bodho sing tenang-tenang kawit mau ora ngerti maksude Pakdhene kok deweke dokokon cepet-cepet aduse. Bubar adus Joko Bodho banjur nemoni Pakdhene sing tenguk-tenguk ana ngemper omah lagi jagongan karo Pak Burhan.
“Ana apa tha Pakdhe, kok sajake wong meh ketinggalan sepur wae tha Pakdhe?”. “Wo…alah…le..le..bocah paling lelet dhewe. Ana…..apa…ana…apa kawit dek mau. Lha kowe ora ngerti tha dina iki jarene arep menyang Malioboro tuku klambi anyar dienggo bagdan. Wis tak tunggu malah lelete….Masyaallah….paringana sabar!”. “Wo….iyo…yo..Pakdhe nuwun sewu aku lali tha Pakdhe!”. “Uwis gawe wong nunggu saiki njaluk duwit sewu karepmu iku apa tha le..!!!!”. “Pakdhe niki pripun tha aku iku njuluk pangapura boten nuwun duwit sewu!”. “Yo…wis…wis ayo padha mangkat silak ketinggalan sepur mengko!”.
Joko Bodho karo Pakdhene menyang stasiun Solo Balapan numpak sepur Paramex menyang stasiun sing cedhak kara Malioboro. Saben wong mbayar 10000 lagi enthuk karcis lan bias numpak sepur. Pakdhe Darsono ora duwe pilihan kudu mbayar karcise Joko Bodho amarga deweke ora ngawa duit amarga dikesusukake Pakdhene. Bubar entuk karcis Joko Bodho karo Pakdhene nungggu ana kursi. Ora ana sepuluh menit sepur sing arep menyang Yogya teka. Mbanjur Jaka Bodho lan Pakdhene numpak neng sepur, saking wakehe uwong Joko Bodho kara Pakdhene mlencar ana panggonan bedha.
Bubar enthuk panggonan Pakdhe Darsono lagi eling yen dheweke kelangan Joko Bodho. Banjur dheweke goleki Joko Bodho ana ing gerbong-gerbong sepur. Dheweke was-was yen Joko Bodho didhuke ana ing dalan amarga ora duwe karcis sepur, amarga karcis sepure digawa Pakdhene.
Bedha karo Jaka Bodho, dheweke malah enak-enakan turu semenden ana jendelane sepur bubar enthuk panggonan sing kepenak. Dheweke ora krasa yen dheweke pisah kara Pakdhene. Kernete wis njaluki karcis sepur, nanging Jaka Bodho tetep wae turu malah nganggo ngorok. Kernet sepur ngerti Joko Bodho durung mbayar, banjur nangekake Jaka Bodho. Jaka Bodho kaget, “Ana apa iki? Lagi kepenak turu malah diganggu!, wis…ngaliha kana aku arep turu maneh ngatuk, dhek wingi aku randha nganti bengi, aku isih ngantuk!”. “Wo..alah….mas-mas…njenengan niku dereng mbayar , pundhi karcis sepure?”. “Waduh………waduh… mas..mas karcise digawa kara Pak…dhe…..ku!” omonge Jaka Bodho Karo nduding kursi sebelahe, nangging sing neng sebelahe ora pakdhene nangging wong liya. “Pundhi mas Pakdhe jenengan, napa niki?”. “Mboten…mboten kula mboten Pakdhene mas niki, kula niku Mahasiswa ajeng sekolah menyak Yogya!!!”. “Nuwun sewu mas darakake njenengan niki Pakdhe kula?”. Raine Joka Bodho langsung abang branang amarga kisinan, mbanjur kernet sepur njaluk maneh karci sepure menyang Joko Bodho. Joko Bodho binggung piye carane mbayar karcis lha wong dheweke ora ngawa duwit. Joko Bodho karo kernete padha sesumbar sing ora jelas, nganti anggawe tontonane wong akeh.
Pakdhe Darsono ngerti wong rame-rame ana apa, banjur ditekano ana apa tha?. Mbareng wis chedak dheweke ngerti yen bocah gedhe duwur iku ponakane Joko Bodho. Mbanjur dheweke nekani lan ngomong apa tha masalahe nganti polahe ponakane kuwi ngawe tontona sak sepur. “Iki ana apa tha?”. “Allhamdullilah Pakdhe tasih urip tha?”. “Bocah ora ngerti aturan, aku dikirane wis mati, yo..wis tak tinggal maneh wae!”. “Ampun…ampun Pakdhe kula mboten ngomong niki maleh”. “Yo….wis ana apa iki padha rame-rame neng kene?”. “Ngenten lho pakdhe kernet niki nyuwun karcis kalih kula, lha kula khan mboten gadah karcisipun Pakdhe”. “Yo wis iki mas karcise aku karo ponakanku”. “Nggih pak matur nuwun”.
Mung siji setengah jam wae sepure wis tekan ana stasiun cedhak karo Malioboro. Joko Bodho karo Pakdhene banjur mudhuk lan mlaku ara ana 500 meter wis teka ana Malioboro.
Teka Malioboro Joko Bodho ndelok-ndelok klambi ana ing toko lan eperane toko akeh sing dodolan klambi apik-apik. Joko Bodho kepincut karo klambi batik motif kembang dicampur manuk merak warnane ijo rada biru. Dheweke mbajur ngamong Pakdhene yen dheweke kepingin klambi kuwi.
“Pakdhe kula nuwun klambi niku nggih”. “Yo wis ndang cepet dibungkus silak kesoren, kowe yo during tuku kathok karo sepatu sandal dienggo solat id tho?”. “Inggih Pakdhe, njenengan niku moten pelit-pelit sanget”. “Dadi aku kudu mbayari klambi, kathok, karo sepatu sandalmu. Masyaallah… nuwun sabar ngadepi bocah koyo ngene”. “Yo….iya..thak mbayari neng mengko tekan ngomah duwitku diganti ya?”. “Inggih Pakdhe pasti niku”.
Bubar Joko Bodho rampung blanja keperluane, mbanjur pakdhene ngajak mangan ana restoran padang. Neng kono Joko Bodho mangan akeh banget saking kekeselen blanja menyang Malioboro. Telung piring Jaka Bodho enthek mangan, Pakdhene mbatin rugi tenan yen ngajak Joko Bodho lunga. Pakdhene ngumun blanja lan mangane Jaa Bodho wis enthek wolungatusewu. Pakdhene kapok-kapok tenek aro arep ngajak lunga Joko Bodho maneh. Pokokke kapok…kapok tenan, pantesan wae bapak ibune njenengi anake Joko Bodho, lha uwonge koyo kebo sawah ngendulak-ngenduluk.






CERKAK 2 :

KATHOK KODHOK

Ponakanku sing cilik dhewe lagi nangis. Tangise ora
kaya biyasane. Iki
gawe jengkele ibune sing lagi sibuk nyiapake mulang.
Bojone durung mulih saka nyambut gawe. Dene anak-anake
liyane wis padha mlebu neng kamare dhewe-dhewe, njekut
sinau nyiapake ujian komprehensif.
“Kang Letug, tulung ya, dijaga anakku iki.
Dineng-nengi ben ora
ngganggu. Aku jan lagi buneg tenan lho.” Panjaluke
adhiku wadon iki.
“Ya, dak neng-nengane.” Aku banjur mlaku nyedhaki
ponakanku sing umure
durung ana limang taun.
“Udah yah…Mama sedang sibuk tuh. Kan kasihan kalau
adik nangis
terus..” Aku omong nganggo basa Indonesia.
Pancen bocah jaman saiki basa jawa sing alus ora padha
ngerti. Mulane
ing kulawargane adhiku, basa padinane campur. Malah
luwih akeh padha
nganggo basa Indonesia. Rasane lucu yen aku nyoba
nganggo basa jawa sing alus. Bocah-bocahe padha ora
seneng. Banjur miwiti nganggo basa Indonesia.
Bocah-bocah uga wis ora nyebut rama utawa ibu marang
wongtuwane, nanging wis migunakake tembung Papa utawa
Mama.
“Kenapa menangis terus Teta? Apa karena dinakali
Mama?”
“We…weeee… Teta mau dibelikan baju baru
…we…wee..”
Teta jenenge ponakanku mau, kepengin ditukokake klambi
anyar. Mbok
menawa bapak ibune mung durung sempat wae.
“Besok Pak Dhe belikan ya…mau enggak?”
Krungu jawabanku mau, dheweke banjur ketok lega.
Ngusap luh neng
pipine, senajan ta isih mimbik-mimbik manja banget.
“Besok Pak Dhe belikan yang namanya celana kodok ya?
Tahu enggak kamu?”
Jawabane ponakanku mung gedhek-gedhek. Ora ngerti apa
kuwi sing jenenge
kathok kodhok. Kamangka dhek jaman cilikanku, kathok
kodhok kuwi
istimewa banget. Saben bocah yen krungu tembung kathok
kodhok bisa banjur senenge ora mekakat. Kathok kodhok
dadi favorite bocah-bocah. Mergane yen dienggo anget
tur ora mlotrak-mlotrok.
Aku banjur crita marang ponakanku ngenani kathok
kodhok kuwi.
Sawatara crita bab kathok kodhok, pikiranku kelingan
dhek jaman semana
aku duwe kathok kodhok sing anyar. Aku dolanan
ingkling karo kanca-kancaku neng ngomah. Nanging,
blaik, ing tengah-tengahe dolanan ingkling, aku
ngebrok (ngising neng kathok). Suara pret….
preet…. preeet…. banjur ambune wah…jan ora
karuwan! Kanca-kancaku banjur padha bengok alok:
“Oeeee, Letug ngebrok! Letug ngebrok!” Mboko siji
kanca-kancaku padha mlayu nyingkiri aku karo nutup
irunge.
Aku mung bisa nangis nggugug ditinggal kanca-kancaku.
Aku nangis merga
kathok kodhokku sing anyar dadi reged kena abyuran
saka wetengku.
Ora let suwe, nanging, sing nyedhaki aku ora liya ya
ibuku. Aku ora
dinesoni. Ibuku malah mung gumujeng. Aku banjur
dicandhak digawa
menyang wc.
Ibuku ora wegah ngresiki regedanku. Ibuku ora wegah
nyedhaki ambune
regedanku. Ibuku ora wegah nyandhak awakku lan nyawiki
aku. Ibuku ora
duka weruh kathok kodhok anyarku dadi reged. Lan aku
banjur meneng anggonku nangis. Aku mandeng ibu sing
isih gumujeng lan gawe tentreme atiku.
Kelingan pengalaman mau, aku mung bisa ngguyu dhewe.
Kathok kodhokku
sing anyar wis reged lan mambu. Nanging aku bisa nemu
gumuyune ibu sing ora ilang saka rasaku.
Yen ing kulawarga isih ana ibu sing bisa gumuyu,
ngresiki reregedaning
anak, sepira begjane wong neng alam donya yen akeh
sing isih padha bisa gumuyu uga ngresiki reregeding
urip bebrayan.





CERKAK 3 :


                                                            Panglaris

“Anyar ya mas nang kene, aku bola bali liwat kene lagi wae ngerti ana angkringan nang papan kene?”
Paimin sing lagi ndingkluk ngantuk-antuk mak jenggerat kaget. Sanajan isih sore nanging thenguk-thenguk nunggu wong tuku ora teka-teka njalari ngantuk. Dadi dheweke kaget nalika ana pawongan neng ngarep rahine lagi mangan cakar.
“Ohhhh, nggih pak, nembe seminggu wonten mriki.”
“Kok sepi ngene mas. Iki, enak tenan iki cakare. Masak dhewe iki, Mas,” pitakone karo ora leren olehe ngrumuti cakar.
“Masak piyambak, Pak.”
“Enak tenan iki mas, menawa akeh sing ngerti angkringanmu iki mesthi ramene. Cakar iki bisa dadi jalaran ngramekake angkringanmu iki.”
“Niku rak cakar biasa tha Pak, cakar pithik. Sanes panglaris. Pundi saget ndadosake kathah tiyang jajan mriki.”
“Maksudku kuwi ora ngono mas. Sinten asmane sampeyan?
“Kula, Paimin, Pak.”
“Maksudku ora ngono, Mas Min. Cakar iki enak. Aku kawit cilik seneng mangan cakar amarga mangane kudu telaten. Digrumuti siji-siji iki sikil pithik sing cilik-cilik iki. Merga sikil pithik kuwi ujude kaya oyot wit-witan, ngendikane ibuku biyen, mengko menawa wis gedhe sikilku bakal pengkuh. Kaya wit- witan kae. Janjane ora bener. Mung dhek jaman aku cilik, ibuku bisane nukokake lawuh mung sikil pithik kaya ngene iki. Kuwi sebabe aku seneng mangan cakar nganti umurku samene. Nganti aku dadi dosen saiki, isih seneng mangan cakar. Menawa arep nemu cakar lungaku menyang akringan. Ngono, Mas Min, he he he,” bapak kuwi mau cerita akeh-akeh karo guyonan.
Paimin, seneng ngrungokake. Guneme bapak kuwi mau isi lan sajake wong pinter. Katon seka nyandange lan tindak tandhuke.
“Terus niku wau Pak, bab cakar sing dados panglaris niku wau. Cakare dinapakake, Pak? Napa dijur alus terus disebarke sekitar mriki napa pripun?”
“Ha ha ha ha,” bapake malah ngguyu seru. Paimin dadi bingung dhewe.
“Ora ngono, Mas Min. Menawa mangkono kuwi mau panglaris jamane simbah-simbah. Saiki wis bedha. Panglarise kudu nututi jaman,” wangsulane bapake.
“ Saiki ngene wae, Mas. Panglaris sik tak omongke kuwi mau, bakal tak jlentrehake marang Mas Min. Nanging ora sepisanan wengi iki. Tak omongke sethithik-sethitik ning lakonana. Mengko tak jamin angkringanmu rame. Piye, saguh ora?”
“Terus mangkih kula mbayar pinten, Pak? pitakone Paimin.”
“ Ha ha ha ha,” bapake ngguyu maneh. Malah tambah seru. Katon bungah atine.
“Ora perlu mbayar. Nanging sampeyan kudu manut lan saguh nglakoni.”
“Nggih pak, kula manut. Pokoke lantaran dodolan kula laris, kula manut Bapak!”
“Ya wis. Menawa sampeyan manut karo aku.”
Bapak sing sajake wong apik trus pinter iku banjur aweh pitutur marang Paimin. Jare syarate sing sepisanan kudu dilakoni Paimin, Paimin yen bakulan kudu rapi. Klambi dilebokake, nganggo sepatu. Setlikanan. Sanajan sandhangane ora apik banget ora ngapa-ngapa. Waton kabeh katon resik lan apik. Ora semrawut. Rambute kudu Klimis. Sing saiki rada dawa awul awulan kuwi dipotong ndisik. Diminyaki. Minyak murahan ora ngapa-ngapa, sing penting kena dienggo ngatur rambute.
Uwis ngono, tambah nganggo wewangen, men sing padha tuku ora semaput mambu kringet kecut. Bakul angkringan kuwi cedhak karo geni, panas, njalari kringeten. Mengko menawa sing tuku akeh, kudu mlaku rana rene. Ngeterke wedang lan liya-liyane, mengko nek ambumu kuwi ora mbetahi, sing padha tuku bisa-bisa bubar kabeh. Kabeh kuwi mau men sing padha tuku nang angkringan iki ora jijik karo bakule. Disawang kepenak lan nyenengake. Wong bakulan menawa katon kusut tur mbeyeyet, ora sumringah, njalari males wong sing arep mampir. Menawa wis kebacut mampir kapok.
Kuwi mau syarat sing sepisanan. Paimin sing kepingin mbuktekake panglarise bapake uga semangat banget. Esuke, sandhangan sing arep dienggo mengko sore, dikumbah. Awan garing banjur disetlika. Sepatune sing katon wus rada elek diresiki resik. Dilap nganggo banyu wis dirasa cukup, wong dheweke ora duwe semir sepatu. Kabeh kuwi mau dicepakake, siap dienggo mengko sore, Ngendikane bapake arep teka maneh. Arep menehi syarat panglaris liyane.
Bar magrib bapake teka maneh. Ora mung dhewekan. Bapake nggawa kanca. Wong loro. Paimin seneng wae, merga saya akeh kanca-kancane bapak kuwi sing diajak moro, berarti dodolane sansaya akeh sing payu. Paimin mesem.
Bapake teka meneng wae, langsung mangan cakar, anteng. Sajak nikmati olehe mangan. Sing ndeleng kana kene malah kancane sing loro kuwi mau. Banjur malah ngajak tetakonan marang Paimin. Suwe-suwe kok tekan anggone Paimin nyandhang. “Sampeyan bakul nyentrik, Mas. Walah-walah, lagi saiki aku ketemu karo bakul angkringan sing rapi kaya ngene, ya ora Mas No,” karo noleh kancane sing siji. Pawongan kuwi kok sajak ngoda. Paimin meneng wae. Arep wangsulan kok ora ngerti kudu wangsulan apa, kepriye. Nyandhang kaya mangkana dheweke wis krasa ora bebas. Rasane wagu, saknyatane ya apik. Mau dheweke sempat ngaca nalika liwat omah sing kacane riben. Jebul kok dheweke kuwi bagus.
“Ora, Mas, ora apa apa. Apik kok. Aku seneng ana bakul nyenengake disawang kaya sampeyan niku. Resik, apik.”
Paimin wangsulan semu mesem, niki rak kangge nampi panglaris saking Pak niku tho pak,” Paimin karo ngarahke dagune marang bapake sing lagi anteng mangan sate. Bapake meneng wae. Kancane sing pitakonan karo Paimin kuwi mau mung ngguya ngguyu, noleh marang bapake karo nepuk-nepuk pundhake.
Nalika bapake arep muleh, kancane wis mlaku ngadoh, dheweke nyedhaki Paiman. “Apik mas, seneng aku. Sampeyan wis manut. Saiki tak kandhani panglaris sawise sampeyan nglakoni sing sepisan niku.” Bapak kuwi mau banjur ngendika sethithik tapi diturut tenan karo Paimin, sebab dheweke mikir, mesthi sesuk dheweke teka maneh, tur nggawa kanca.
Wiwit sesuk, menawa Paimin dodolan, kabeh kudu resik. Panganane, uga piring lan piranti liyane.Ngendika mangkana bapake langsung lunga nyusul kanca-kancane. ”Eh mas, natane sing apik,” Wis karo mlaku, bapake isih merlokake noleh marang Paimin. Paimin mikir mbokmenawa resik kuwi mau dienggo syarat kanggo nampa panglaris, dilakoni wae dening Paimin. Sesuke, angkringane Paimin kinclong tenan. Kabeh barang resik. Ngature barang uga apik. Ora semrawut. Rada wengi, bapake teka maneh nggawa kanca. Ora suwe disusul karo kancane sing wingi, kancane kuwi mau ya nggawa kanca liya. Paimin seneng banget. Dodolane mesti cepet enthek.
Bengi kuwi bapake ngendika maneh marang Paimin. “Mas, Min, iki sesuk angkringanmu mesti bakal rame. Mas Min mesti butuh papan sing luwih jembar. Mas Min pindah wae, kae rada ngalor kana kae. Sisih kana kae lho, tembunge karo nduduhi panggon sing dikarepake. “Papan jembar kae sapunen, resikana. Sesuk, menawa dodolan karo nggawa klasa. Mengko klasane digelar. dienggo lesehan sapa-sapa sing tuku nang kene.” Bapake njelaske C M,,,karepe marang Paimin.
Sawise tetembungan sing miturut Paimin aji panglaris kuwi, bapake ora langsung melu kanca-kancane. Malah ngajak Paimin…, dudu, dudu ngajak rembukan. Wong sing dingendikaake ora ajeg. Ngalor ngidul ora ana judule. Dasar Paimin, dheweke ya ngrungokake, malah bisa cerita akeh bab sabendinane lan pengalamane. Wong loro padha omong-omongan nganti suwe. “Sampeyan dasare grapyak kok, Mas Min, kuwi kudu Mas Min patrapake nang sapa wae sing tuku nang kene. Kabeh sing tuku disapa. Menawa wis kenal, menawa teka takoni kabare. Uwis, mung kuwi. Kabeh sing wis dilakoni karo Mas Min kawit tak omongi kae aja ditinggalke. Diugemi terus, saklawase bebakulan,” pituture bapake. Paimin manthuk-manthuk sinambi mesam mesem, ning ora kumecap.
“Terus kapan kula nampi panglarise, Pak?” pitakone Paimin.
Bapake sajak kaget, banjur ngguyu kepingkel-pingkel. Nanging banjur bapake ngedika,” Wis, Mas Min, wis tak turunke. Panglaris iku mau ya kabeh sing tak omongke marang Mas Min, ya kuwi kunci bebakulan.


                                                          

Tidak ada komentar:

Posting Komentar